Minggu, 02 Mei 2010

Cerita wayang

Perlu cerita bahasa jawa.
nah di kesempatan kali ini anda akan mendapat layanan sebuah cerita bahasa jawa yang dijamin gampang dimengerti. ini adalah sebuah cerita legenda beserta unsur pembentuknya. selamat membaca......


Judul wacan : Dewi Sinta, Titisane Bathari Sri Widowati.
Kapetik saka : Lebda Basa Jawa

1.Unsur
# Unsur intrinsik
Underan (tema crita): Kekarepan kang keliru.
Paraga lan watak paraga (lakon)
Dewi Sinta : kukuh pendirian, lemah lembut.
Prabu Dasamuka : ala atine, ora nduweni rasa welas asih.
Raden Wibisana : nduweni budi luhur.
Prabu Janaka : adil, lan wicaksana.
Prabu Ramawijaya : ora gampang percaya marang wong liya.
Dewi Tari : sabar.
Padunungan, wektu, lan swasana (latar, setting)
Padunungan : ing praja Ngalengka.
Wektu : wektu awan, lan bengi.
Swasana : mirisake (nrenyuhake, lan medeni)
Plot (alur cruta) : Saka urutan kadadeyan ing crita wayang kuwi, saengga mbentuk alur kang maju.

Pamawas (sudut pandang) : Amarga iki crita wayang kang ora mungkin dimaenake pengarange, dadine kalebu pamawas (sudut pandang) wong katelu.

Gayane basa : Bahasa sing digawe ing crita wayang kuwi nggawe basa kang baku lan alus.

Ancas (amanat) : Yen seneng marang wong liya gunakake cara sing apik, aja cara-cara ora apik utawa ala, mergo bakal mbalek marang awake dewe.

# Unsur ekstrinsik
Pertentangan kang timbul yaiku:
Pertentangan rasa seneng, lan rasa pingin dhuweni (nguasai)

2.Pokok pikiran
Rasa seneng marang wong liyan yaiku rasa seneng kang kerasa pas nguasake wong kang disnengi ngerasa seneng. Nanging beda maneh karo rasa sing pingin dhuweni yaiku rasa egois sing pingin mbutuhi kebutuhane awake dewe, meski wong kang disekekitare pada ora seneng utawi ora bahagia.

3.Narasi

DEWI SINTA, TITISANE BATHARI SRI WIDOWATI

DEWI Sinta iku garwane Prabu Ramawijaya ing Pancawati, lan sawijining putrid titisaning Bathari Sri Widowati.
Wis dadi tekade Prabu Dasamuka yen salawase bakal ora mendha anggone kepingin nggarwa wanodya titising Bathari Widowati. Ing wisik ing ditampa yen Bathari Widowati ora suwe maneh bakal nitis liwat wanodya kang dedunung ung Ngalengka. Prabu Dasamuka seneng banget, mula mrentah para punggawa supaya saben ana wong wadon nggarbibi kudu dipateni. Pamrihe supaya titising Widowati bisa mijil saka guwa garbane Dewi Tari.
Raden Wibisana, adhine Prabu Dasamuka susah banget weruh tumindake kakange. Kamangka saliyane iku sang Prabu Dasamuka uga wis ngendika samangsa bati titising Widowati lair bakal dipek bojo. Tumindak iku bakal gawe rusake pranatan ing alam donya.
Mula, Raden Wibisana namakake mantram sakti. Kandhutane Dewi Tari disengake mbabar bayi wadon temenan kang ayu rupane kaya golek kencana. Bayi mau enggal diwadhahi kendhaga banjur dilarung ing Bengawan, lan ditemu Prabu Janaka ratu ing Manthili, banjur dipundhut putra pinaringan jeneng Dewi Sinta.
Kanggo ngijoli bayine Dewi Sinta, Raden Wibisana nuli muja mega kang liwat ing angkasa dadi sawijining bayi lanang tembene Indrajit/Megananda.sawise Prabu Dasamuka weruh yen Dewi Tari nglairake anak lanang, langsung duka yayah sinipi. Bayi abang mau langsung dibanting nanging ora apa-apa.